Pawiyatan Pamedhar Sabda ugi Pranatacara
Admin SIDA Desa Jerukwudel 30 Oktober 2019 11:47:33 WIB
Wonten ing Bale Desa Jerukwudel, dinten Selasa surya kaping 29 wulan Oktober warsa 2019 dipun wontenaken Pawiyatan Pamedhar Sabda ugi Pranatacara kanthi narasumber Bapak Edi Subroto kaliyan Bapak CB Supriyanto kagem Pamong Desa, Pengurus Desa Budaya kaliyan saperangan Karangtaruna Desa.
Titilaksana Pawiyatan Pamedhar Sabda ugi Pranatacara menika nindakaken amanah RKPDes lan APBDes 2019.
Kegiatan menika kaangkah supados saged tumama nuwuhaken generasi-generasi panatacara lan pamedhar sabda ing tlatah Jerukwudel. Pramila, sasampunipun pelatihan menika sageda saben padukuhan wonten paraga utawi pawongan ingkang lir gumanti anggenipun ngayati leladi sesami ing babagan paraga ing acara-acara ingkang ngedahaken migunakaken basa jawa ingkang trep.
Saben padukuhan kedah tuwuh paraga basa jawa, mboten gumantung kaliyan pawongan ingkang sampun limrah maraga, ananging wontena generasi enggal ingkan tancut nyinau basa jawa. Nyinau basa jawa estunipun badhe pikantuk bebathen ageng tumrap ing bebrayan agung.
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
| Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Meski Hujan, Apel Peringatan Hari Désa Tahun 2026 Berlangsung Khidmat
- Laporan Indeks Kepuasan Masyarakat Semester 2 Tahun 2025
- Peraturan Lurah Jerukwudel Nomor 9 Tahun 2025 tentang Penjabaran APBKal TA 2026
- Peraturan Kalurahan Jerukwudel Nomor 8 Tahun 2025 tentang APBKal TA 2026
- Sosialisasi Standar Pelayanan dan Konsolidasi Bersama Ketua RT dan Ketua RW Se-Kalurahan Jerukwudel
- Peringatan Hari Ibu Ke-97, Petugas Apel Kerja Semuanya Perempuan
- Evaluasi Rancangan APBKal, Panewu Girisubo Melaksanakan Asistensi
















