Ruwah, Wulan Pengetan Para Arwah Leluhur
Dian Prasetyo 25 Maret 2021 21:08:18 WIB
Wulan ruwah wonten ing penanggalan jawa kalebet wulan kaping 8 (wolu), inggih punika wulan sak derengipun mlebet wulan pasa utawi siyam ramadhan.
Wonten ing kapitadosan umumipun ing wewengkon jawa, ing wulan ruwah menika para arwah leluhur ingkang sampun kasedan jati sami kondur tuwi turun warisipun saperlu nyadhong kiriman donga, dzikir, lan sanesipun ingkang samangke saget ngentheng-enthengi dosa lan kalepatan nalika tasih sugeng ing alam rame.
Saking kapitadosan ingkang tasih dipun uri-uri ngantos ing generasi sakmeniko, mila wonten ing tradisi jawa para warga sami ngawontenaken pengetan ruwahan kanthi damel rakitan awujud sekul lan lawuh ingkang asring pun dhahar lajeng ngawontenaken pikempalan wonten ing dalemipun ketua adat. Menawi sedaya warga lan rakitan sampung samekta, sesepuh adat badhe ngikroraken rakitan kala wau, lajeng katutup kanthi ndedonga.
Sak rampitipun ndedonga dipun waos, sedaya rakitan ingkang dipun asta saking griyo sami dipun dhahar sesarengan, kembul bujana andrawina
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Pemberian PMT Kalurahan Jerukwudel Alokasi Bulan Maret 2025
- Bimbingan Teknis Lembaga Tangguh Bencana Kalurahan Jerukwudel
- Penyuluhan Peningkatan Gizi Masyarakat
- Sosialisasi dan Pendataan Naskah Kuno
- Perempuan Berdaya, Menyiapkan Generasi Emas 2045
- Penyerahan BLT Bulan Ke 6 tahun 2025 di Kalurahan
- Memperingati Hari Lingkungan Hidup Sedunia dengan Jumat Bersih