Upacara Adat Pengetan Tilar Donya
Dian Prasetyo 13 Maret 2021 11:43:05 WIB
Tilar donya utawi ingkang limrah pun sebat sripah, kagem piyantun Jawi kalebet salah satunggaling bab ingkang wigatos saengga kedah pun pengeti. Pengetan tilar donya ugi asring pun wontenaken nalika salah satunggaling kaluwarga wonten ingkang kasedan jati.
Kajawi kagem sarana panyuwun leburing dosa kagem ingkang tilar donya, adat punika ugi kagem tanda bekti putra wayah kadang ingkang tasih gesang dhumateng ingkang sampun seda sowan wonten Ngarsaning Pangeran.
Upacara adat kagem pengetan tilar donya, kapantha dados 8 bab. Inggih punika pengetan geblag, telung dina, pitung dina, patang puluh dina, satus dina, mendhak pisan, mendak pindho, lajeng dipun lungkasi kaliyan nyewu.
Sedaya kala wau dipun pengeti ngagem upacara genduren kanthi ngrakit mawarni-warni tumpeng, urapan, jenang, panggang, ingkung, jadah, lan sanesipun miterat paugeran upacara pengetan ingkang badhe dipun lampahi. Setunggal mbaka setunggal ambengan utawi rakitan ingkang sampun dipun damel lajeng dipun ikraraken, dipun waosaken maksud ugi tujuanipun karana saben pantha wonten ing sak lebeting ambengan, nggadhahi pralambang panyuwunan saking makhluk dhumateng Pangeranipun.
Wontenipun pengaruh saklebeting ajaran agama Islam wonten ing Tanah Jawi, lajeng sedaya kala wau wonten tambahan waosan Surat Yasin, tahlil, dzikir, lajeng dipun tutup mawi donga ing pendhak-pendhak upacara pengetan menika.
Komentar atas Upacara Adat Pengetan Tilar Donya
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
| Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Meski Hujan, Apel Peringatan Hari Désa Tahun 2026 Berlangsung Khidmat
- Laporan Indeks Kepuasan Masyarakat Semester 2 Tahun 2025
- Peraturan Lurah Jerukwudel Nomor 9 Tahun 2025 tentang Penjabaran APBKal TA 2026
- Peraturan Kalurahan Jerukwudel Nomor 8 Tahun 2025 tentang APBKal TA 2026
- Sosialisasi Standar Pelayanan dan Konsolidasi Bersama Ketua RT dan Ketua RW Se-Kalurahan Jerukwudel
- Peringatan Hari Ibu Ke-97, Petugas Apel Kerja Semuanya Perempuan
- Evaluasi Rancangan APBKal, Panewu Girisubo Melaksanakan Asistensi

















